Walah ono-ono wae yo yo
Critane ngene, ono wong tuwek nggandeng putune banjur mampir nyang tokoku.
La terus moro-mor wong tuwek kuwi maeng anguk-anguk karo nyawangi isine toko.
Padahal aku yo onok ngarepe wong tuwek kuwi maeng.
Karepe kuwi ngono kepripun mbah-mbah...
Takon aku yo ora, moro-moro minggat karepe dewe.
La opo toko kuwi ora onok sing nunggu po pripun karepe.
Padahal yo padhang njingglang katon kabeh.
Takon yo ora, ongak-anguk tok kudu mlintheng ae mripate kuwi.
Ra sopan blas masio tuwek, wedok sisan, si mbah sopo kuwi.
Lek tak sawang sak jane yo ora pati tuwek nemen, kirane umure seketan tapi wis nduwe puthu lanang sing digandeng.
Opo yo ngono kuwi unggah-ungguhe wong Jowo...
Wis mulai dilalekne karo jenenge wong Jawa dhewe.
Mboh maneh lek duduk wong Jowo.
La jaman saiki ora ora bedane, angel mbedakne endi jowo temen lan wni keturunan yo meh podo ae.
{ 0 komentar... Views All / Send Comment! }
Posting Komentar